Bengi-bengi pan nggoleti autan apa obat nyamuk? Marani bae nang Warung Kamal Elis sing alamate nang Kedawon. Warung Kamal Elis buka kosih bengi. Soale angger bengi akeh bapak-bapak sing pada royoman nang Warung Kamal Elis.
Warung e esih cilik. Tapi nggo kebutuhan dadakan bengi-bengi lumayan lengkap. Bokate pengin melu royoman karo dolanan krambol apa mung jagongan ngobrol ya langsung bae mono.
Sing kas nang sawah kulone desa ya balik e bisa skalian belanja.
Angger bengi bisa pesen kopi panas karo mi rebus apa mi goreng. Karo royoman nang teras. Biasane karo dolanan krambol.
Nang google map alamat e bisa di cek nang kene.
Posting Komentar untuk "Warung Kamal Elis Kedawon, Warung Sing Buka Kosih Bengi"